Ayub 2:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuju ing sawijining dina, para putraning Allah padha seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Iblis nuli iya seba uga ana ing satengahe para putra mau.

2. Pandangune Sang Yehuwah marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Atur wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”

Ayub 2