1. Ing kono Ayub banjur mangsuli, pangucape:
2. “Nganti pira lawase anggonmu padha nglarakake atikulan ngremuk aku kalawan tetembungan?
3. Saiki wus kaping sapuluh anggonmu ngremehake aku,kok ora isin nganiaya aku.
4. Manawa aku iki pancen kesasar,rak aku dhewe kang nanggung anggonku kesasar iku.
5. Manawa kowe nyata-nyata arep ngegung-ngegungake dhiri ana ing ngarepku,lan cacadku kokgawe bukti tumrap aku,
6. padha sumurupa, yen Gusti Allah wus tumindak ora adil marang aku,sarta aku dikrukub kalawan jaringe.
7. Lah aku nguwuh-uwuh: “Daksiya!” nanging ora ana kang mangsuli.Aku sesambat njaluk tulung, nanging ora ana pangadilan.
8. Dalanku dialing-alingi ing tembok, satemah aku ora bisa liwat,sarta lurung-lurungku didadekake peteng.
9. Kaluhuranku dening Panjenengane wus didhedheli,sarta makuthaku wus karampas saka ing sirahku.
10. Aku dibongkar babar pisan satemah aku sirna,tuwin pangarep-arepku dibedhol kayadene wit-witan.
11. Bebendune marang aku mulad-mulad,aku dianggep satrune.
12. Wadya-balane maju bebarengan,ngalang-alangi dalan nglawan marang aku,banjur ngepung tarubku.
13. Sadulurku padha diedohake saka ing aku,sarta kawanuhanku padha pangling babar pisan marang aku.
14. Sanak-sanakku padha ngedohtuwin mitraku padha lali marang aku.
15. Wong-wong kang tunggal saomah karo aku lan para rewang wadonpadha ngarani aku wong liya,sarta nganggep aku wong manca.