2. Sanyata aku iki dadi poyokan,mripatku kepeksa ndeleng anggone padha tantang-tantangan.
3. Mugi Paduka karsaa dados tetanggelan kawula wonten ing ngarsa Paduka piyambak.Manawi boten makaten sinten malih ingkang saged ngwontenaken pasarujukan kangge kawula?
4. Awit manahipun sampun sami Paduka dadosaken buntet.Mila Paduka boten maringi kaunggulan.
5. Sing sapa nggugatake mitra-mitrane supaya oleh kauntungan,mripate anak-anake bakal dadi lamur.