8. aku dicepeng; iki kang dadi seksi;anggonku kuru iki kaya-kaya banjur gumregah nggugat marang aku.
9. Bebenduning Allah nempuh sarta nglawan marang aku,nggeget waja tumuju marang aku,aku dipandeng dening mungsuhku kalawan mancereng.
10. Wong padha crawak cangkeme tumrap ing aku,aku ditapuk kalawan pamemirang,padha nggrombol arep ngroyok aku.
11. Gusti Allah ngulungake aku marang wong dursila,sarta masrahake aku marang tangane wong duraka.
12. Aku urip kalawan tentrem, nanging aku banjur sinangsara,githokku diasta nuli aku dibanting,banjur katangekake kadadekake les-lesane.
13. Aku diudani ing panah,ginjelku padha cinublesan tanpa piwelas,rempeluku kawutahake ing bumi.
14. Aku dijuwing-juwing,aku ditempuh kaya dene wong prawira ing perang.
15. Aku wus ndondomi bagor kanggo nutupi kulitkusarta sunguku dakurugi lebu.
16. Raiku katon mbranang marga saka nangislan tlapukanku ketutupan ing peteng ndhedhet,
17. sanadyan tanganku ora kadunungan tindak ambek-siyatuwin pandongaku resik.