1. Ayub banjur mangsuli, pangucape:
2. “Wus kerep banget aku krungu kang kaya mangkono iku,kowe kabeh iku juru panglipur kang siyal!
3. Apa durung entek tembungmu kang tanpa isi iku?Apa ta kang meksa kowe supaya nglawan?
4. Aku iya bisa caturan kaya kowe,saupama kowe iku dadi kaya aku;aku bisa ngracik tetembungan kang endah tumrap kowesarta gedheg-gedheg ngrasakake kowe.
5. Aku bisa nyantosakake atimu kalawan cangkemlan lambeku ora dakpekak anggone ngucapake piwales.
6. Nanging manawa aku caturan, anggonku nandhang sangsara ora bakal dadi enthenglan manawa aku meneng apa iya ana sudane?
7. Nanging saiki Panjenengane ndadekake aku tanpa dayatuwin ngrisak sakukubaning omahku,
8. aku dicepeng; iki kang dadi seksi;anggonku kuru iki kaya-kaya banjur gumregah nggugat marang aku.
9. Bebenduning Allah nempuh sarta nglawan marang aku,nggeget waja tumuju marang aku,aku dipandeng dening mungsuhku kalawan mancereng.
10. Wong padha crawak cangkeme tumrap ing aku,aku ditapuk kalawan pamemirang,padha nggrombol arep ngroyok aku.
11. Gusti Allah ngulungake aku marang wong dursila,sarta masrahake aku marang tangane wong duraka.