Ayub 15:28-35 Kitab Sutji (JAV)

28. banjur ngenggoni kutha-kutha kang wus gempur,lan omah-omah kang ora kena dienggoni ing wong, kang cinadhangake dadi jugrugan.

29. Dheweke ora bakal dadi sugih sarta raja-darbeke ora tulus,tuwin barang-barange ora wuwuh ana ing bumi,

30. bakal ora bisa oncat saka ing pepeteng,trubus-trubusane bakal garing kena panasing geni,tuwin dheweke bakal kasirnakake dening napasing tutuke.

31. Wong mau aja ngandel marang bab-bab kang tanpa isi, amarga bakal kapusan,awit oleh-olehane iya tanpa paedah.

32. Sadurunge titi-mangsane banjur wus mati,sarta pang-pange ora bakal bisa seger.

33. Kayadene wit anggur kang gogrog wohe,lan kaya wit jaitun kang gogrog kembange.

34. Awitdene golonganing wong duraka ora bakal ngetokake woh,sarta tarub-tarube wong kang nampani besel bakal kamangsa ing geni.

35. Iku padha meteng kasusahan lan nglairake piala,sarta atine ngandhut goroh.”

Ayub 15