24. Atine kagawe giris dening kasangsaran lan karupekan,kang ngebyuki kayadene raja kang wus samekta ing perang,
25. awit ngathungake tangane sumedya nglawan marang Gusti Allah,tuwin mbalela marang Kang Mahakuwasa,
26. kalawan ndegeg anggone enggal-enggal mapagake Panjenenge,kambi nggawa tameng-tamenge kang kalapis-lapis kandel.
27. Raine wus kablonyo ing gajih,lan bangkekane dietrapi ing sabuk gajih lelapisan;
28. banjur ngenggoni kutha-kutha kang wus gempur,lan omah-omah kang ora kena dienggoni ing wong, kang cinadhangake dadi jugrugan.
29. Dheweke ora bakal dadi sugih sarta raja-darbeke ora tulus,tuwin barang-barange ora wuwuh ana ing bumi,
30. bakal ora bisa oncat saka ing pepeteng,trubus-trubusane bakal garing kena panasing geni,tuwin dheweke bakal kasirnakake dening napasing tutuke.
31. Wong mau aja ngandel marang bab-bab kang tanpa isi, amarga bakal kapusan,awit oleh-olehane iya tanpa paedah.
32. Sadurunge titi-mangsane banjur wus mati,sarta pang-pange ora bakal bisa seger.