18. yaiku kang dipratelakake dening para wicaksanakang anggone sumurup saka para leluhure ora nganggo digawe wadi,
19. nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau,lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.
20. Wong duraka nandhang giris sajege urip,wong kang ambek siya iya mangkono uga ing sajroning taun-taun kang cinadhangake.
21. Swara-swara kang nggegirisi tumama ing kupinge,ing mangsa tentrem dheweke ketekan juru pangrusak.
22. Wus ora duwe pangarep-arep yen bisa metu saka ing pepeteng,wus pinesthi dadi pakaning pedhang;
23. nglembara golek pangan, embuh menyang ngendi.Dheweke sumurup, manawa bakal ngalami dina pepeteng.