16. mendahane maneh wong kang jember tuwin awatek dursila kang nyruput duraka kaya banyu.
17. Kowe dakkandhani, rungokna!Apa kang wus dakdeleng bakal dakcritakake,
18. yaiku kang dipratelakake dening para wicaksanakang anggone sumurup saka para leluhure ora nganggo digawe wadi,
19. nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau,lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.
20. Wong duraka nandhang giris sajege urip,wong kang ambek siya iya mangkono uga ing sajroning taun-taun kang cinadhangake.
21. Swara-swara kang nggegirisi tumama ing kupinge,ing mangsa tentrem dheweke ketekan juru pangrusak.
22. Wus ora duwe pangarep-arep yen bisa metu saka ing pepeteng,wus pinesthi dadi pakaning pedhang;