Ayub 15:10-19 Kitab Sutji (JAV)

10. Panunggalanmu ana kang wus uwanen, sarta kang wus tuwa banget,ngungkuli bapakmu.

11. Apa panglipuring Allah iku sepele tumraping kowe,tuwin pitutur kang alus kang tumanduk marang kowe iku apa karemehen?

12. Yagene kowe kok kablingerake dening rasane atimu,sarta mripatmu kok mancereng,

13. satemah atimu banjur dadi nglawan marang Gusti Allah.tuwin tutukmu ngwetokake tetembungan kang kaya mangkono?

14. Manungsa iku mangsa yen suci,lan mangsa yen asipat bener kang lair saka wong wadon iku!

15. Lah para abdine kang suci padha ora dipracaya,sarta langit dipirsani ora mulus resike,

16. mendahane maneh wong kang jember tuwin awatek dursila kang nyruput duraka kaya banyu.

17. Kowe dakkandhani, rungokna!Apa kang wus dakdeleng bakal dakcritakake,

18. yaiku kang dipratelakake dening para wicaksanakang anggone sumurup saka para leluhure ora nganggo digawe wadi,

19. nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau,lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.

Ayub 15