Ayub 15:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Elifas wong Teman banjur mangsuli, celathune:

2. “Wong kang wicaksana apa mangsuli kalawan kawruh kang tanpa isi,sarta ngiseni pikirane kalawan angin?

3. Apa iya anggone srengen iku kalawan tetembungan kang tanpa guna,lan kalawan ujar kang ora maedahi?

4. Karodene kowe ngorakake pangabekti marang Gusti Allah,sarta ngurangi wedi-asihmu marang Gusti Allah.

5. Kaluputanmu kang mulang tutukmutuwin basane wong culika kang kokpilih,

6. tutukmu dhewe kang ngluputake kowe, dudu aku;lambemu dhewe kang melehake kowe.

7. Apa lairmu dadi manungsa kawitan?Anggonmu katitahake apa sadurunge ana gunung?

Ayub 15