Ayub 11:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Uripmu padhange bakal ngungkuli wayah tengange,pepeteng bakal dadi padhang kaya esuk.

18. Kowe bakal rumangsa tentrem, awit ana pangarep-arep;sawuse mulat ngiwa nengen banjur bakal turu kepenak;

19. anggonmu nglegeyeh ora bakal ana kang ngreridhu,lan akeh wong kang padha ngempek-empek marang kowe.

20. Nanging mripate wong duraka mesthi bakal dadi lamur,mulane padha ora bisa lumayu ngungsi maneh;kang dadi pangarep-arepe mung pecating nyawane.”

Ayub 11