1. Zofar wong Naama banjur mangsuli calathune:
2. “Wong kakehan rembug iku apa ora kudu diwangsuli?Apa wong kang juweh iku kudu dianggep bener?
3. Apa wong kudu meneng bae krungu ocehmu iku?Tuwin manawa kowe ngala-ala iku apa ora ana kang melehake?
4. Kowe munjuk: Piwulang kawula punika murni,saha kawula resik wonten ing paningal Paduka.