1. “Nyawaku wus bosen urip, aku arep ngumbar pasambatku,aku arep ngucap sajroning prihatine nyawaku kang pait.
2. Aku arep munjuk marang Gusti Allah:Paduka mugi sampun ngantos nglepataken dhateng kawula;kawula mugi Paduka sumerepaken,punapa sababipun dene Paduka nglawan dhateng kawula.
3. Mikantuki punapa ta kagem Paduka, manawi nindhes tiyang punika,manawi Paduka mbucal pakaryaning asta Paduka, saha paduka paring pambiyantu dhateng rancanganipun tiyang duraka?
4. Punapa Paduka kagungan paningal wadhag?Anggen Paduka mirsani samukawis punapa inggih kados patrapipun manungsa anggenipun ningali?
5. Yuswa Paduka punapa memper kados umuripun manungsa,petangan taun Paduka punapa inggih kados umuripun tiyang jaler,
6. dene Paduka kok karsa madosi kalepatan kawula,saha nlusur dosa kawula,