1. Ing tanah Us ana sawijining wong jenenge Ayub; Ayub iku jujur lan mursid tuwin ngabekti marang Gusti Allah sarta nyingkiri piala.
2. Anake lanang pitu, kang wadon telu;
3. raja kayane kang awujud wedhus pitung ewu, unta telung ewu, sapi limang atus rakit, kuldi wadon limang atus; bature akeh banget, mulane kasugihane ngungkuli wong satanah wetan kabeh.
4. Anake kang lanang iku saben-saben padha nganakake pista giliran ana ing omahe dhewe-dhewe, dene sadulure wadon telu-telune padha diundang diajak mangan lan ngombe bebarengan.
5. Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.