14. UmatingSun Israel bakal Sunpulihake maneh,nuli padha mbangun maneh kutha-kuthane kang wus gempur sarta banjur dienggoni;bakal padha nanduri pakebonane anggur,sarta bakal ngombe anggure,lan bakal padha gawe kebon woh-wohan lan mangan wohe.
15. Tumuli padha Suntanem ana ing tanahe dhewe,lan mesthi ora dijabut maneh saka ing tanah kang wus Sunparingake,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Allahira.