4. kang klemahan ana ing paturon gadhing,lan nglegeyeh ana ing amben,sarta mangan cempening pepanthan,apadene pedhet saka ing satengahe pepanthaning kewan lemon,
5. kang padha menyanyi manut unining clempung,sarta nganggit kekidungan kaya Dawud;
6. kang ngombe anggur ing bokor,lan njebadi awak kalawan lenga kang adi dhewe,nanging ora mreduli bab rusaking bani Yusuf.
7. Mulane saiki, wong-wong iku bakal padha budhal menyanging pambuwangan lan dadi pucuking barisan,temah sirep ramening pistane kang padha leyeh-leyeh.”
8. Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak;-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah --:“Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub,lan sengit marang kadhatone;nagara saisine bakal Sunulungake.”
9. Ing kono saupama ing omah siji isih ana wonge kang kari sepuluh, iku bakal padha mati kabeh.
10. Sarta manawa pamane kang ngobong jisime iku, kang teka arep njunjung lan ngetokake jisim saka ing omah iku, sarta takon marang kang ana ing buri: “Apa isih ana wong maneh kajaba kowe?” mangka kawangsulan: “Ora ana,” nuli bakal celathu: “Wis menenga!” Sabab ora patut nyebut asmane Pangeran Yehuwah.
11. Marga lah Sang Yehuwah wus dhawuh,omah kang gedhe bakal dirubuhake dadi jugrugan,lan omah kang cilik bakal dadi bobrok.