Amos 2:7-10 Kitab Sutji (JAV)

7. Padha ngidak-idak sirahe wong sekeng ana ing lebu,sarta nasarake dalane wong sangsara;anak lan bapa padha sapaturon karo wong wadon enom siji,satemah nyawiyah kasucening asmaningSun;

8. sandhangan kang digadhepadha digawe lemek turon sandhing saben misbyah,lan padha ngombe anggure wong kang padha kadhendhaana ing padalemaning Allahe.

9. Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori,bangsa Amori kang dedege kaya wit ereslan kang santosa kaya wit elon,padha Suntumpes wohe ing dhuwurlan oyode ing ngisor.

10. Mangka Ingsun kang ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir,lan lakunira Sunkanthi ana ing pasamunan lawasepatang puluh taun,supaya sira bisa ngejegi nagarane wongn Amori.

Amos 2