11. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Edom telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,dene wus ngoyak-oyak sadulure kalawan pedhang,sarta ora ngatonake kawelasane,malah nepsune direndhem terus,lan panasing atine disimpen salawase,
12. Ingsun bakal kintun geni menyang ing Teman,temah kraton Bozra banjur kamangsa nganti entek.”
13. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane bani Amon telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus mbedheli wetenge wong wadon kang meteng ing Gilead,karepe arep ngelar wewengkone dhewe.