2 Timoteus 2:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Mulane, he anakku, disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Gusti Kristus Yesus.

2. Apa kang wus kokrungu saka aku ana ing sangarepe seksi akeh iku pitayakna marang wong-wong kang padha bisa dipracaya, kang uga bisa mulang marang wong liya.

3. Melua nandhang sangsara kayadene prajurite Sang Kristus Yesus kang utama.

4. Prajurit kang lagi perang iku ora mraduli marang prakara-prakara kang gegayutan karo panguripane, supaya marga saka mangkono iku ndadekake senenge komandhane.

5. Olahragawan iku anggone bisa makuthaning kaunggulan mung manawa anggone main iku manut tatanan-tatananing olahraga.

6. Wong tani kang nyambut-gawe kanthi mempeng iku kudune sing ngrasakake nikmating wohe pagaweane kang dhisik dhewe.

7. Apa kang dikandhakake iku gatekna; Gusti bakal paring pangreten bab samubarang kabeh marang kowe.

2 Timoteus 2