2 Tesalonika 3:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Wong-wong kang kaya mangkono iku padha dakelingake lan padha dakpituturi ing sajroning Gusti Yesus Kristus supaya padha lestaria nindakake pagaweane kanthi tentrem sarta padha mangana rejekine dhewe kalawan tumindak mangkono iku.

13. Anadene kowe kabeh, para sadulur, aja jeleh-jeleh anggonmu padha nindakake panggawe becik.

14. Manawa ana wong kang ora gelem ngrungokake kandhaku ing layang iki, iku pengetana lan aja srawungan karo dheweke, supaya isin.

2 Tesalonika 3