2 Tesalonika 2:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Amarga kanthi patrap dhedhemitan duraka iku wis wiwit tumindak ing gawe, nanging saiki isih ana kang mekak. Manawa kang mekak iku wus kasingkirake,

8. ing wektu iku si pangawak duraka lagi bakal muncul, nanging nuli bakal katumpes dening Gusti Yesus kalawan ababing tutuke lan bakal kasirnakake, samangsa Panjenengane rawuh maneh.

9. Tekane si pangawak duraka iku marga saka panggawening Iblis, tuwin bakal kinanthenan kasekten warna-warna sarta pratandha-pratandha apadene mukjijat-mukjijat palsu;

10. kalawan reka-daya ala rupa-rupa tumrap wong-wong, kang mesthi bakal sirna, jalaran ora padha nampani kayekten kang bakal bisa ngolehake karahyone.

11. Yaiku sababe Gusti Allah anggone banjur ndhatengake panasaran, kang njalari wong-wong mau padha pracaya marang kang goroh,

12. supaya kabeh wong kang ora pracaya marang kayekten lan seneng marang panggawe ala padha diukum.

2 Tesalonika 2