2 Tesalonika 2:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Bab rawuhe Gusti kita Yesus Kristus lan anggon kita bakal katunggalake kalawan Panjenengane, panjalukku kabeh marang kowe para sadulur,

2. supaya kowe aja padha enggal-enggal bingung lan kuwatir, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran lan apa marga saka layang kang diakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wus tumeka ing dinane Gusti.

3. Kowe aja nganti padha disasarake dening wong kalawan patrap kapriye bae! Awitdene sadurunge tekane Dina iku mesthi ana pamurtad dhisik lan kababar dhisik si manungsa duraka, kang kudu sirna,

4. yaiku si panglawan kang ngunggul-unggulake awake dhewe ngluwihi sakabehe kang kasebut Allah utawa sesembahan, malah banjur lungguh ing Padaleman Suci sarta ngaku Allah.

5. Apa kowe ora padha eling yen bab iku wus kerep dakkandhakake marang kowe, nalika aku isih ana ing tengahmu?

6. Dene saiki kowe padha sumurup kang ngampah dheweke iku apa, satemah lagi bakal jumedhul ing wektu kang wus katamtokake tumrap dheweke.

2 Tesalonika 2