2. Dene kulawargane Prabu Saul kagungan abdi, kang aran Ziba; iku ditimbali sowan ing ngarsane Prabu Dawud, banjur didangu Sang Prabu: “Apa sira iku Ziba?” Atur wangsulane kang kadangu: “Nuwun inggih gusti.”
3. Sang Prabu banjur ndangu maneh: “Apa ora ana kulawargane Prabu Saul maneh? Ingsun arsa nandukake kawlasan kang saka Gusti Allah.” Ziba nuli munjuk marang Sang Prabu: “Taksih wonten putranipun Pangeran Yonatan satunggal ingkang cacat sampeyanipun.”
4. Pandangune Sang Prabu: “Iku saiki ana ngendi?” Atur wangsulane Ziba marang Sang Prabu: “Kawula nuwun wonten, ing griyanipun Makhir bin Amiel ing Lodebar.”
5. Sawuse iku Sang Prabu Dawud dhawuh nimbali putra mau saka omahe Makhir bin Amiel, saka ing Lodebar.
6. Anadene Sang Mefiboset bin Yonatan bin Saul banjur mlebu seba marang ngarsane Prabu Dawud, sujud lan nyembah. Pangandikane Prabu Dawud: “Mefiboset.” Atur wangsulane: “Nuwun inggih, kawula abdi dalem.”
7. Sang Prabu Dawud banjur ngandika: “Sira aja samar, amarga ingsun bakal nandukake kadarman marang sira, marga saka Pangeran Yonatan, kang ramanira; ingsun bakal mbalekake sakehe palemahan kagungane Prabu Saul, eyangira lan sira bakal kembul dhahar klawan ingsun.”
8. Sang Mefiboset banjur sujud lan matur: “Abdi dalem punika punapa ta, dene panjenengan dalem karsa nggalih dhateng segawon pejah kados kawula punika?”