12. Yen sira wus tumeka ing janji lan sira wus oleh palereman nunggal karo leluhurira, Ingsun bakal nangekake turunira ing sapungkurira, kang tuwuh saka sira lan Ingsun bakal nyantosakake karajane.
13. Iya iku kang bakal yasa dalem kagem asmaningSun lan Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajane ing salawas-lawase.
14. Ingsun bakal dadi Ramane lan dheweke dadi putraningSun. Samangsa nglakoni kaluputan, bakal Sunukum klawan penjalin, kang dianggo ing wong, lan kalawan gebug kang ditamakake dening anak-anaking manungsa.
15. Nanging sihkadarmaningSun ora bakal sumingkir saka ing dheweke, kaya kang Sunsingkirake saka Saul, kang wus Sunedohake saka ing ngarepira.
16. Kulawarga lan karajanira bakal santosa ing salawas-lawase ana ing ngarsaningSun lan dhamparira bakal santosa ing salawas-lawase.”
17. Nabi Natan banjur matur marang Sang Prabu Dawud cundhuk karo pangandika iku lan ora siwah karo wahyu kang ditampa.
18. Sang Prabu Dawud banjur lumebet, tumuli sowan ana ing ngarsane Sang Yehuwah sarta munjuk: “Kawula punika sinten, dhuh Pangeran Yehuwah, lan kulawarga kawula punika sinten, dene Paduka ndadosaken kawula ngantos kados makaten punika.
19. Dhuh Pangeran Yehuwah, prakawis punika taksih kirang wonten ing tingal Paduka, milanipun Paduka sampun ngandika ugi bab kulawarganipun ingkang abdi ing wekdal ingkang taksih dangu saha paring sumerep dhateng kawula manungsa-manungsa ingkang badhe dhateng, dhuh Pangeran Yehuwah.
20. Punapa ingkang saged dipun unjukaken Dawud dhumateng paduka langkung saking punika? Paduka rak sampun uninga bab ingkang abdi punika, dhuh Pangeran Yehuwah?
21. Margi saking pangandika Paduka saha miturut panggalih Paduka, Paduka sampun nindakaken sadaya prakawis ingkang ageng punika saha Paduka sumerepaken dhateng ingkang abdi punika.
22. Pramila Paduka punika agung, dhuh Pangeran Yehuwah awit boten wonten ingkang nyameni Paduka lan boten wonten Allah sanesipun malih kajawi Paduka miturut sadaya ingkang kawula pirengaken srana kuping kawula.