2 Samuel 7:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Sang Prabu Dawud ndalemi kedhatone lan sang Yehuwah wus paring katentreman luwar saka para mungsuh ing sakubenge,

2. Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika manggen wonten ing griya kajeng eres, mangka pethinipun Gusti Allah wonten ing ngandhap tendha.”

3. Nabi Natan tumuli matur marang Sang Prabu: “Inggih sumangga, panjenengan dalem nindakna punapa ingkang wonten ing panggalih dalem, awit Sang Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan dalem.”

4. Nanging bareng sawengi iku uga Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Natan:

5. “Lah sira mangkata lan matura marang abdiningSun Dawud: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira apa arep yasa omah kagem Ingsun murih Sundalemi?

6. Ingsun ora nate manggen ana ing omah wiwit Ingsun ngluwari Israel saka ing tanah Mesir, nganti saprene, nanging Ingsun tansah lelana ana ing kemah minangka padalemaningSun.

7. Salawase Ingsun lelana karo wong Israel kabeh, apa Ingsun nate paring pangandika marang salah sawijining hakime wong Israel, kang Sundhawuhi ngengon umatingSun Israel mangkene: Yagene sira ora yasa omah kayu eres kagem Ingsun?

2 Samuel 7