2 Samuel 24:11-16 Kitab Sutji (JAV)

11. Bareng Sang Prabu wungu ing wayah esuk, Nabi Gad, wonge sidik Sang Prabu Dawud, seba mundhi pangandikane Sang Yehuwah, kang mangkene:

12. “Lungaa, matura marang Dawud: Mangkene dhawuh pangandikane Sang Yehuwah: Telung prakara kang Suntawakake marang sira; pilihen salah siji, mesthi bakal Suntindakake.”

13. Sawuse Nabi Gad sowan marang Sang Prabu Dawud ngaturi uninga marang Sang Prabu sarta munjuk: “Panjenengan dalem punapa milih wewengkon dalem kadhatengan paceklik laminipun tigang taun? Punapa panjenengan dalem milih tigang wulan keplajeng saking mengsah dalem lan dipun bujeng? Utawi milih kambah pageblug tigang dinten dangunipun? Lah sapunika sumangga kawula aturi nggalih lan nglimbang-limbang, wangsulan punapa ingkang kedah kawula unjukaken dhateng Ingkang ngutus kawula.”

14. Sang Prabu ngandika marang Nabi Gad: “Sanget ribed manah kula, kajengipun kawula dhawah ing astanipun Sang Yehuwah, amargi ageng sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhawah ing tanganipun manungsa.”

15. Dadine Sang Yehuwah banjur ndhawahake pageblug ana ing satengahe wong Israel wiwit ing wayah esuk nganti tekan ing wektu kang wus katemtokake; dene kang mati saka ing Dhan tumeka ing Bersyeba, wong pitung puluh ewu.

16. Nalika malaekat ngagagake astane marang Yerusalem arep ditumpes, Sang Yehuwah kaduwung galihe marga kasangsaran iku, banjur ngandika marang malaekat kang nekakake karusakan tumrap bangsa iku: “Wis cukup samene bae! Tanganira undurna!” Nalika iku malaekate Sang Yehuwah ana ing sacedhake panutone Arauna wong Yebus.

2 Samuel 24