2 Samuel 23:12-16 Kitab Sutji (JAV)

12. Sama iku ngadeg ana ing satengahe pategalan mau bisa nggegegi iku lan nggepuk wong Filisti nganti kalah. Mangkono anggone Sang Yehuwah paring kaunggulan gedhe.

13. Nuju sawijining dina ana wong telu saka panunggalane panggedhe telung puluh kang padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud, ngarepake mangsa panen ing sacedhake guwa Adulam, dene balane wong Filisti ana sapantha kang apacak baris ana ing lebak Refaim.

14. Nalika samana Sang Prabu Dawud ana ing beteng ing pagunungan lan bala pandhudhukan Filisti ana ing kutha Betlehem.

15. Sang Prabu Dawud katuwuhan pepenginan lan ngandika: “Bok ana wong aweh banyu ngombe marang aku saka sumur ing Betlehem sacedhake gapura.”

16. Prawira tetelu iku banjur nrajang barisane wong Filisti, nimba banyu saka sumur ing Betlehem ing sacedhake gapura, nuli digawa lan dicaosake marang Sang Prabu Dawud. Sang Prabu Dawud ora karsa ngunjuk, nanging kasaosake minangka kurban unjukan marang Sang Yehuwah,

2 Samuel 23