20. Nuli ana perang maneh ing Gat; ing kono ana wong kang dhuwur dedege, drijining tangane lan sikile nenem: gunggunge cacah patlikur; wong iku uga kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure.
21. Wong iku nyampahi bangsa Israel; iku nuli dipateni dening Yonatan bin Simea, kang raka Sang Prabu Dawud.
22. Wong papat iku kagolong turune wong kang gedhe dhuwur ing Gat, iku padha tiwas dening astane Sang Prabu Dawud lan tangane para balane.