2 Samuel 21:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.”

2. Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: -- wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumundak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. --

3. Sang Prabu nuli ndangu marang wong-wong Gibeon iku: “Apa kang bisa suntindakake tumrap sira lan apa kang minangka tebusane, supaya sira banjur mberkahi marang umat kagungane Sang Yehuwah?”

2 Samuel 21