2 Samuel 20:8-22 Kitab Sutji (JAV)

8. Bareng tekan ing sacedhake watu gedhe ing Gibeon, Sang Amasa wus ndhisiki ana ing kono. Dene Sang Yoab asikep praboting perang sarta sabukan, kalawan nyengkelit pedhang ing bangkekane. Nalika jumangkah maju, pedhange konus lan runtuh.

9. Sang Yoab ngandika marang Sang Amasa: “Sampeyan wilujeng, sadherek!” sarta nyekel janggute klawan tangane tengen jenggote Sang Amasa arep ngaras.

10. Sang Amasa ora nglegewa mungguh pedhange kang ana astane Sang Yoab, Sang Yoab nyudukake pedhang iku ing padharane, temah jerohane wutah ing bumi. Anggone nyuduk ora susah mindho, amarga wis tumeka ing pati. Sang Yoab karo Sang Abisai sadhereke terus ngoyak Seba bin Bikri.

11. Lan ana sawijining balane Sang Yoab ngadeg sacedhake mayit iku sarta ngucap: “Sapa kang rumaket marang Sang Yoab lan milih Sang Prabu Dawud, enggal nututana Sang Yoab.”

12. Ing wektu iku Sang Amasa gumlethak akuthah getih ana ing tengah dalan gedhe. Bareng wong iku weruh, yen sakehing wong padha nonton, mayite Amasa banjur disingkirake saka ing dalan gedhe menyang ing ara-ara, dilurubi jubah, amarga weruh, yen saben wong kang teka mrono padha mandheg nonton.

13. Sawuse mayite disingkirake saka ing dalan gedhe, wong kabeh padha mlaku terus ngetutake Sang Yoab ngoyak-oyak Seba bin Bikri.

14. Seba wus ngliwati dhaerahe sakehe taler Israel ngener menyang Abel-Bet-Maakha. Lan kabeh balane wong Bikri wus nglumpuk lan ngetutake dheweke.

15. Nanging balane Sang Yoab wus tekan ing kono lan banjur ngepung dheweke ana ing Abel-Bet-Maakha, nuli padha ngundhug-undhug lemah kanggo tameng ing ngarepe kutha, nganti mepet tekan ing balowarti njaba, dene sakehe wong kang ndherek Sang Yoab padha njugangi balowartine kutha iku murih jugruge.

16. Banjur ana sawijining wong wadon saka ing kutha kono kang limpad ing budi, kang nguwuh-uwuh: “Ngrungokna ta! Ngrungokna ta! Matura marang Sang Yoab: Kula aturi nyelak mriki, supados kula saged matur dhateng panjenengan.”

17. Sang Yoab nuli nyedhaki wong wadon mau. Wong wadon mau banjur matur pitakon: “Punapa panjenengan Sang Yoab?” Wangsulane: “Iya aku iki Yoab.” Wong wadon mau banjur matur: “Mugi miyarsakna aturipun ingkang abdi.” Wangsulane: “Iya.”

18. Wong wadon iku nuli matur: “Kala rumiyin kalimrah tiyang wicanten makaten: Becike wong neneges ana ing Abel lan ing Dhan: punapa punika sampun kasuwak punapa ingkang sampun katetepaken dening tiyang-tiyang ingkang setya ing Israel?

19. Nanging panjenengan punika kok badhe ngrisak satunggaling kitha, mangka punika kitha babon ing Israel. Kenging punapa panjenengan kok badhe ngrisak tanah pusakanipun Sang Yehuwah?”

20. Sang Yoab banjur mangsuli: “Muga aku kaedohna saka ing pangarah ngrebut lan ngrusak!

21. Nalare ora mangkono. Nanging ana sawijining wong kang aran Seba bin Bikri kang wus ngangkat tangane mbalela marang Sang Prabu Dawud. Ulungna wong siji iku marang tanganku, aku bakal mundur saka ing kutha kene.” Wong wadon mau banjur matur marang Sang Yoab: “Prayogi, sirahipun badhe kula uncalaken wonten ing ngarsa panjenengan saking ing sawingkinging balowarti punika.”

22. Wong wadon iku banjur mlebu rembugan karo wong sakutha kabeh kanthi kawicaksanan. Sawuse iku wong ing kutha kono banjur padha nigas sirahe Seba bin Bikri lan diuncalake marang Sang Yoab. Sang Yoab banjur ngungelake kalasangka, sabalane kabeh padha bubar ninggal kutha iku, mulih menyang padunungane sowang-sowangan. Sang Yoab banjur bali menyang Yerusalem seba marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud.

2 Samuel 20