2 Samuel 2:9-19 Kitab Sutji (JAV)

9. sarta dijumenengake dadi ratune tanah Gilead, wong Asyuri, Yizreel, Efraim lan Benyamin, malah ngereh salaladane Israel kabeh.

10. Pangeran Isyboset bin Saul ing wektu samana yuswane patang puluh taun, nalika jumeneng ratu, ngereh bangsa Israel, dene anggone ngasta paprentahan lawase rong taun. Mung tedhake Yehuda kang ndherek Sang Prabu Dawud.

11. Prabu Dawud anggone ngereh tedhake Yehuda ana ing Hebron lawase pitu setengah taun.

12. Senapati Abner, bin Ner, klawan balane Prabu Isyboset, bin Saul nglurug saka ing Mahanaim menyang ing Gibeon.

13. Sang Yoab bin Seruya lan balane Prabu Dawud uga metoni. Anggone ketemu ana ing telaga Gibeon, nuli padha pacak baris ana ing kono. Kang siji ana ing sisih kene, sijine ana ing sisih kana.

14. Senapati Abner ngandika marang Senapati Yoab: “Cikben wong nom-noman padha maju, padha perang tandhing ana ing ngarep kita.” Wangsulane Senapati Yoab: “Becik.”

15. Banjur padha maju perang mawa diwilang; rolas saka taler Benyamin, balane Prabu Isyboset, putrane Sang Prabu Saul, lan rolas saka balane Prabu Dawud.

16. Wong-wong iku padha candhak-cinandhak sirahe, lan padha pedhang-pinedhang lambunge, temah padha mati sampyuh. Mulane panggonan kono diarani Helkat-Hazurim; prenahe ing sacedhake Gibeon.

17. Ing dina iku campuhing perang ngebat-ebati, lan Sang Abner sabalane padha disorake dening balane Prabu Dawud.

18. Putrane kakung Sang Zeruya telu, yaiku Sang Yoab, Abisai lan Asael padha ana ing kono; Sang Asael iku playune kaya kidang ana ing ara-ara.

19. Sang Asael anggone mbujeng nututi Sang Abner ora menggak-menggok mangiwa utawa manengen.

2 Samuel 2