2 Samuel 19:11-15 Kitab Sutji (JAV)

11. Sang Prabu wis utusan wong marani Imam Zadhok lan Imam Abyatar sarta padha kaweling: “Rembugana karo para tuwa-tuwane Yehuda mangkene: Yagene kowe malah kang kari dhewe anggonmu ngaturi kondur Sang Prabu menyang kratone?” Amarga rembuge wong Israel kabeh wis kapiyarsa dening Sang Prabu.

12. “Kowe iku rak sadulurku, kowe iku rak kulit-dagingku, yagene kok kowe kang kari dhewe anggonmu ngaturi Sang Prabu kondur menyang kratone?

13. Lan Amasa wajib kokpituturi: Kowe iku rak kulit-dagingku? Muga Gusti Allah ndhawahna paukuman marang aku mangkene lan muwuhana mangkono, manawa kowe ora lestari dadi senapati nggenteni Yoab.”

14. Mangkono anggone Sang Prabu Dawud mulihake atine sakehe wong Yehuda bareng sakala, temah banjur padha ngunjukake panyuwun marang Sang Prabu: “Panjenengan dalem mugi karsaa kondur saabdi dalem sadaya!”

15. Sang Prabu banjur bidhal kondur lan rawuh ing pinggire bengawan Yarden. Ing nalika samana wong Yehuda wis padha tekan ing Gilgal arep methukake rawuhe Sang Prabu Dawud lan ndherekake nyabrang ing bengawan Yarden.

2 Samuel 19