2 Samuel 16:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Sang Abisai bin Zeruya nuli munjuk marang Sang Prabu: “Kenging punapa segawon pejah punika ngipat-ipati panjenengan dalem, gusti kawula Sang Prabu? Kalilana kawula nyabrang lan nigas gulunipun.”

10. Nanging Sang Prabu ngandika: “He, anak-anake Zeruya, ingsun melu-melu apa marang sira? Kareben ta ngipat-ipati ingsun. Amarga saupama Sang Yehuwah ngandika marang wong iku: Dawud ipat-ipatana, sapa kang bakal wani takon: Yagene kowe kok tumindak mangkono?”

11. Sang Prabu ngandika maneh marang Sang Abisai lan marang sakehe para abdine: “Dene putraningsun piyambak bae ngarah nyawaningsun, mendahane maneh turune Benyamin iki saiki. Wis togna bae, kareben ngipat-ipati amarga Sang Yehuwah kang ndhawuhi marang wong iku mangkono.

12. Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”

13. Sang Prabu Dawud banjur nglajengake tindake kadherekake para abdi, dene Simei mlaku terus nurut perenging gunung adu arep karo panjenengane lan karo mlaku tansah ngipat-ipati, nyawati watu lan ngabul-abul lebu.

14. Sang Prabu sayah banget nalika rawuh ing pinggire bengawan Yarden dalah wong kang padha ndherekake, sarta banjur padha ngaso ana ing kono.

15. Pangeran Absalom lan sakehe wong Israel padha mlebu ing kutha Yerusalem, lan Akhitofel iya ndherek.

16. Bareng Husai, wong Arki, mitrane Sang Prabu Dawud, sowan ing ngarsane Pangeran Absalom, banjur munjuk: “Sugenga Sang Prabu, sugenga Sang Prabu!”

17. Pangeran Absalom ngandika marang Husai: “Apa kaya mangkene iki kasetyanmu marang mitramu? Geneya kowe ora melu marang mitramu?”

18. Husai banjur matur marang Pangeran Absalom: “Boten, nanging panjenenganipun ingkang piniji dening Sang Yehuwah tuwin dening rakyat punika saha dening saben tiyang Israel, inggih panjenenganipun punika ingkang mengku kawula, saha ingkang kawula suwitani.

2 Samuel 16