1. Nalika tindake Sang Prabu lagi bae ngliwati pucak, Ziba, abdine Sang Mefiboset methukake Sang Prabu nggawa kuldi sarakit, kang dilapaki, dimoti roti rong atus iji, kuwih kismis satus emplek, woh-wohan ing mangsa panas satus lan anggur saimpes.
2. Sang Prabu banjur ndangu marang Ziba: “Kepriye karepira iki?” Ature Ziba: “Kuldi-kuldi punika kangge titihanipun para garwa putra dalem; roti lan woh-wohan punika kangge tedhanipun para abdi lan anggur punika kangge omben-ombenipun tiyang-tiyang ingkang kasayahen wonten ing pasamunan.”
3. Sang Prabu banjur ndangu: “Putrane gustimu ana ing ngendi?” Atur wangsulane Ziba: “Panjenenganipun wonten ing Yerusalem, amargi pangandikanipun: Ing dina iki turune Israel bakal mbalekake kratone kanjeng rama marang aku.”
4. Sang Prabu banjur dhawuh marang Ziba: “Yen mengkono saduweke Mifiboset dadia duwekira.” Unjuke Ziba: “Dhawuh dalem kawula pundhi. Mugi kawula lestantun manggih sih wonten ing ngarsa dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu.”
5. Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Bahurim, ana wong jumedhul saka ing kono, kalebu saka santanane Prabu Saul, jenenge Simei bin Gera. Wong iku tanpa kendhat anggone ngipat-ipati karo nyedhaki Prabu Dawud.