1. Sawuse iku ana lelakon kaya ing ngisor iki: Pangeran Absalom, putrane Sang Prabu Dawud kagungan rayi putri kang ayu warnane, asmane Tamar: lan Sang Amnon putrane Sang Prabu Dawud kasmaran marang putri iku.
2. Galihe Pangeran Amnon wuyung banget, temah nandhang gerah marga saka Sang Putri Tamar, sadhereke iku, amarga Sang Putri iku isih kenya lan miturut pangrasane Pangeran Amnon, langka bisane nandukake apa-apa marang panjenengane.
3. Pangeran Amnon kagungan mitra, asmane Yonadab, putrane Sang Simea, kang raka Sang Prabu Dawud. Sang Yonadab iku wong kang pinter banget.
4. Ature marang Pangeran Amnon: “Dhuh Sang Rajaputra, kenging punapa dene panjenengan dalem saben enjing kok ketingal suntrut makaten? Punapa boten langkung prayogi panjenengan dalem paring sumerep dhateng kawula?” Pangandikane Pangeran Amnon marang Sang Yonadab: “Kula remen dhateng Tamar, rayinipun adhimas Absalom, sadherek kula.”