22. Pangandikane Sang Prabu: “Nalika bocah iku isih urip, aku puasa lan nangis, amarga pangunandikaku: Bokmanawa Sang Yehuwah karsa melasi marang aku, temah bocah iku lestari urip.
23. Nanging sarehne saiki wis mati apa perlune aku isih puwasa? Apa bocah iku bisa bali maneh marang aku? Aku kang bakal nusul bocah iku, nanging bocah iku ora bakal bali marang aku.”
24. Sang Prabu Dawud banjur ngimur-imur galihe Sang Putri Batsyeba, kang garwa; panjenengane banjur ngrawuhi Sang Putri sarta nunggil sare; lan Sang Putri banjur mbabar putra kakung, Sang Prabu Dawud maringi asma Suleman. Sang Yehuwah ngasihi marang putra iku
25. lan lumantar Nabi Natan maringi asma Yedija, marga saka karsane Sang Yehuwah.
26. Senapati Yoab andon perang nglawan Raba, kuthane bani Amon lan mbedhah kuthane krajan.
27. Senapati Yoab utusan wong marang ngarsane Sang Prabu Dawud sarta diwekas: “Kawula sampun andon perang nglawan kitha Raba lan ugi sampun mbedhah kitha pinggir lepen.
28. Pramila panjenengan dalem kawula aturi nglempakaken kekantuning wadyabala, kitha punika panjenengan dalem kepang lan panjenengan dalem bedhah, supados sampun ngantos kawula ingkang mbedhah kitha punika lan sampun ngantos nama kawula ingkang kocap wonten ing kitha punika.”
29. Sawuse iku Prabu Dawud nglempakake sakehing wadyabala, banjur nglurug menyang ing kutha Raba, lan perang nglawan kutha iku, banjur kabedhah.
30. Panjenengane mundhut makuthaning ratune bobote satalenta mas, tinatah mawa sesotya kang larang regane, nuli diagem ing mastakane. akeh barang jarahan kang diusungi saka ing kutha iku.
31. Wong isine kutha padha diboyongi lan dipeksa nglakoni pagawean mawa graji, bur lan wadung wesi; uga dikon nyambutgawe ana ing panggonan nyithak bata. Sakehe wong ing kutha-kutha bani Amon uga ditrapi gawean mengkono dening Sang Prabu Dawud. Sawuse mangkono Prabu Dawud nuli kondur menyang Yerusalem kadherekake wadyabala kabeh.