19. Nalika Sang Prabu nguningani, yen para abdi padha bebisikan, Sang Prabu ngretos, manawa kang putra wus seda. Sang Prabu banjur ndangu marang abdi dalem: “Bocahe apa wus mati?” Atur wangsulane para abdi “Nuwun inggih, sampun seda.”
20. Sang Prabu banjur jumeneng saka ing jogan, siram lan ngagem lenga jebad sarta santun pangageman; panjenengane lumebet ing padalemane Sang Yehuwah lan sujud manembah. Sawuse iku banjur kondur menyang kraton lan mundhut roti nuli iya disaosi sarta banjur dhahar.
21. Para abdi dalem banjur padha munjuk: “Punapa wadosipun ingkang panjenengan dalem lampahi punika? Nalika putra dalem taksih sugeng, panjenengan dalem siyam saha tansah muwun, mangka sareng putra dalem seda panjenengan dalem kok lajeng jumeneng tuwin dhahar?”
22. Pangandikane Sang Prabu: “Nalika bocah iku isih urip, aku puasa lan nangis, amarga pangunandikaku: Bokmanawa Sang Yehuwah karsa melasi marang aku, temah bocah iku lestari urip.