2 Samuel 12:16-27 Kitab Sutji (JAV)

16. Sang Prabu Dawud nyenyuwun marang Gusti Allah kanggo kang putra iku, panjenengane nglampahi siyam kanthi tumemen lan bareng lumebet ing dalem sawengi natas tansah nggluntung ana ing jogan.

17. Para tuwa-tuwane abdi dalem ngarih-arih supaya Sang Prabu jumeneng saka ing jogan, nanging ora karsa; uga ora karsa kembul dhahar karo wong-wong iku.

18. Bareng ing pitung dinane kang putra nemahi seda. Lan para abdi dalem padha wedi ngaturi uninga marang Sang Prabu, yen kang putra wus seda. Amarga para abdi dalem padha rasanan: “Nalika kang putra isih sugeng, aku wus padha matur marang Sang Prabu, nanging aturku ora digalih. Kapriye anggonku arep padha matur, yen kang putra wis seda? Aja nganti Sang Prabu mbilaeni sarira.”

19. Nalika Sang Prabu nguningani, yen para abdi padha bebisikan, Sang Prabu ngretos, manawa kang putra wus seda. Sang Prabu banjur ndangu marang abdi dalem: “Bocahe apa wus mati?” Atur wangsulane para abdi “Nuwun inggih, sampun seda.”

20. Sang Prabu banjur jumeneng saka ing jogan, siram lan ngagem lenga jebad sarta santun pangageman; panjenengane lumebet ing padalemane Sang Yehuwah lan sujud manembah. Sawuse iku banjur kondur menyang kraton lan mundhut roti nuli iya disaosi sarta banjur dhahar.

21. Para abdi dalem banjur padha munjuk: “Punapa wadosipun ingkang panjenengan dalem lampahi punika? Nalika putra dalem taksih sugeng, panjenengan dalem siyam saha tansah muwun, mangka sareng putra dalem seda panjenengan dalem kok lajeng jumeneng tuwin dhahar?”

22. Pangandikane Sang Prabu: “Nalika bocah iku isih urip, aku puasa lan nangis, amarga pangunandikaku: Bokmanawa Sang Yehuwah karsa melasi marang aku, temah bocah iku lestari urip.

23. Nanging sarehne saiki wis mati apa perlune aku isih puwasa? Apa bocah iku bisa bali maneh marang aku? Aku kang bakal nusul bocah iku, nanging bocah iku ora bakal bali marang aku.”

24. Sang Prabu Dawud banjur ngimur-imur galihe Sang Putri Batsyeba, kang garwa; panjenengane banjur ngrawuhi Sang Putri sarta nunggil sare; lan Sang Putri banjur mbabar putra kakung, Sang Prabu Dawud maringi asma Suleman. Sang Yehuwah ngasihi marang putra iku

25. lan lumantar Nabi Natan maringi asma Yedija, marga saka karsane Sang Yehuwah.

26. Senapati Yoab andon perang nglawan Raba, kuthane bani Amon lan mbedhah kuthane krajan.

27. Senapati Yoab utusan wong marang ngarsane Sang Prabu Dawud sarta diwekas: “Kawula sampun andon perang nglawan kitha Raba lan ugi sampun mbedhah kitha pinggir lepen.

2 Samuel 12