5. Wong wadon iku tumuli ngandheg lan kongkonan wong ngaturi uninga marang Sang prabu Dawud, ature mangkene: “Kauningana, kawula wawrat.”
6. Sang Prabu Dawud banjur utusan wong kadhawuhan nglantarake pangandikane marang Senapati Yoab mangkene: “Uria wong Het iku dhawuhana seba marang ngarsaningsun.” Senapati Yoab banjur ndhawuhi Uria seba marang ngarsane Sang Prabu Dawud.
7. Nalika Uria lumebu seba ing ngarsane Sang Prabu didangu mungguh kaanane Senapati Yoab, wadyabala lan kaanane peperangan.
8. Sang Prabu Dawud tumuli dhawuh marang Uria: “Wis mundura, muliha lan wisuha sikil!” Nalika Uria mundur saka kraton, ana wong kang nututi nggawa peparinge Sang Prabu.
9. Nanging Uria mapan turu ana ing ngarepe gapuraning kraton, amor karo para abdi dalem lan ora mulih.
10. Sang Prabu diaturi pirsa mangkene: “Uria boten mantuk dhateng ing griyanipun.” Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Uria: “Sira rak lagi mulih saka ing paran? Yagene kok ora mulih?”
11. Nanging Uria matur marang Sang Prabu Dawud: “Pethinipun Allah sarta tiyang Israel lan Yehuda sami wonten ing tarub, punapa dene Senapati Yoab saha para abdi dalem sami akemah wonten ing teba, kawula kok mantuk ngeca-eca nedha lan ngombe tuwin tilem kaliyan semah kawula? Demi sugeng saha nyawa panjenengan dalem kawula boten pisan-pisan badhe tumindak makaten.”
12. Sang Prabu Dawud ngandika marang Uria: “Wis ing dina iki sira lerena ana ing kene. Sesuk sira sunlilani mangkat!” Dadine Uria ing dina iku kari ana ing Yerusalem.