9. Pangeran ora mblenjani janjine, sanadyan ana sawenehing wong kang ngarani mblenjani, nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.
10. Nanging bakal tekane dinaning Gusti iku patrape kaya maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujuding donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilang sirna.
11. Mulane manawa samubarang kabeh iki bakal lebur kanthi patrap mangkono iku, saiba gedhene kawajibanmu supaya uripmu suci sarta mursid,
12. yaiku kowe kang padha nganti-anti sarta nggelisake marang tekane dinane Gusti Allah. Ing dina iku langit bakal lebur, kamangsa ing geni sarta dhasar-dhasar wujuding donya padha luluh kaobong.