2. supaya kowe padha ora lali marang pangandika kang biyen wis kadhawuhake dening para nabi kang suci, sarta marang dhedhawuhane Gusti lan Sang Juruwilujeng lumantar para rasulmu marang kowe kabeh.
3. Kang luwih dhisik kudu koksumurupi, yaiku manawa besuk ing dina-dina wekasan bakal ana juru-juru pamoyok kang jumedhul memoyoki, yaiku wong kang lakune padha nuruti hawa-nepsune,
4. sarta kang padha duwe uni mangkene: “Endi prasetya bakal rawuhe iku? Jalaran wiwit nalika ngajale para leluhurkita samubarang kabeh ajeg bae kaya nalika donya dititahake.”
5. Wong-wong iku njarag ora kapengin weruh, manawa marga saka sabdaning Allah wiwit biyen mula wis ana langit sarta ana bumi, kang dumadine saka banyu sarta srana banyu.
6. Mangka marga saka banyu iku bumi kang biyen wis rusak iku, kasirnakake dening patopan.