2 Petrus 3:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. yaiku kowe kang padha nganti-anti sarta nggelisake marang tekane dinane Gusti Allah. Ing dina iku langit bakal lebur, kamangsa ing geni sarta dhasar-dhasar wujuding donya padha luluh kaobong.

13. Nanging laras karo prasetyane, kita padha nganti-anti marang langit anyar sarta bumi anyar kang kadunungan kayekten.

14. Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.

2 Petrus 3