2 Para Raja 8:13-27 Kitab Sutji (JAV)

13. Bareng mangkono Hazael matur: “Nanging ingkang abdi punika sinten ta, rak namung segawon ta, lah kok saged nindakaken prakawis ingkang ngedab-edabi makaten?” Wangsulane Nabi Elisa: “Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa kowe bakal dadi ratu ing Aram.”

14. Hazael tumuli mundur saka ing ngarsane Nabi Elisa sarta bareng wus tekan ing ngarsane gustine, Sang Prabu ndangu: “Kapriye pangandikane Nabi Elisa marang kowe?” Unjuke: “Pangandikanipun dhateng kawula, panjenengan dalem temtu badhe senggang.”

15. Nanging esuke Hazael njupuk kemul kang wus kacelupake ing banyu, banjur dikrukubake ing pasuryane Sang Prabu, temah Sang Prabu tumuli seda; Hazael tumuli jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

16. Ing taun kang kaping limane jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel -- ing nalika iku kang jumeneng ratu ing Yehuda Sang Prabu Yosafat -- Pangeran Yoram, putrane Sang Prabu Yosafat ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

17. Nalika jumeneng ratu iku yuswane telung puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem suwene wolung taun.

18. Sugenge niru tindake para ratu ing Israel kaya kang dilampahi dening kulawargane Sang Prabu Akhab, amarga kang dadi garwane iku putri putrane Sang Prabu Akhab. Panjenengane nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah.

19. Ewasamono Sang Yehuwah ora karsa nyirnakake Yehuda, marga saka Sang Prabu Dawud, abdine, nocogi ing prasetyane marang Sang Prabu Dawud, manawa bakal paring turun marang panjenengane lan marang para putrane nganti ing salawas-lawase.

20. Nalika jamane Sang Prabu Yoram mau bangsa Edom mbalela lan uwal saka ing pangwasane Yehuda sarta banjur njumenengake ratu dhewe.

21. Sang Prabu Yoram tumuli nglurug menyang ing Zair mbekta sakehe wadya-bala kreta. Bareng ing wayah bengi Sang Nata wungu lan banjur nrobos barisaning wong Edom, kang ngepung panjenengane bebarengan karo para panggedhening bala kretan, nanging rakyate padha mlayu lan padha mulih menyang ing tarube.

22. Kaya mangkono anggone bangsa Edom mbalela lan banjur uwal saka ing pangwasane Yehuda nganti ing saiki. Sawuse iku Libna uga mbalela, iya dhek jaman samana iku.

23. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoram lan sakehe pandamele, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para raja ing Yehuda.

24. Sang Prabu Yoram nuli kepareng aso nunggil karo para leluhure sarta banjur kasarekake ana ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Ahazia, ingkang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

25. Ing taun kang kaping rolase jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel, Pangeran Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

26. Nalika jumeneng ratu iku yuswane rolikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem suwene setaun. Kang ibu asmane Atalya, wayahe Sang Prabu Omri, ratu ing Israel.

27. Sugenge ngenut pratingkahe kulawargane Sang Prabu Akhab sarta nglampahi apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah kayadene kulawargane Sang Prabu Akhab, amarga dadi mantune kulawarga iku.

2 Para Raja 8