6. Layange dicaosake marang ratu ing Israel kang surasane: “Nuwun wiyosipun, manawi serat punika sampun tinampi ing Sang Prabu, kauningana, kula utusan Naaman, punggawa kula, sowan ing ngarsanipun Sang Prabu, ing pangangkah mugi panjenengan karsaa mbirat sesakitipun saraat.”
7. Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen, wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”
8. Bareng Nabi Elisa abdining Allah mireng, manawa Sang Nata ing Israel nyuwek-nyuwek pangageme, banjur enggal-enggal utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu kadhawuhan munjuk: “Sababipun punapa dene panjenengan dalem nyuwek-nyuwek pangageman dalem? Priyagung wau kadhawuhana manggihi kawula, supados uninga, bilih ing Israel wonten nabinipun.”
9. Sang Senapati Naaman nuli rawuh ing daleme Nabi Elisa dalah titihane kreta sajarane lan kendel ing sangareping lawang.
10. Nabi Elisa tumuli utusan wong kadhawuhan matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem kaaturan siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira dalem badhe pulih sarta panjenengan dalem badhe dados resik.”
11. Nanging Sang Naaman banjur tindak kalawan duka, pangandikane: “Dakkira dheweke apese metu lan ngadeg nyebut asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nuli ngusapake tangane ing lelaraku lan kalawan mangkono lelaraku saraat banjur waras!
12. Apa kali Abana lan Parpar ing Damsyik ora luwih becik katimbang karo sakehing kali ing Israel? Apa aku ora bisa adus ing kana lan banjur dadi resik?” Panjenengane tumuli cengkelak wangsul kalawan bentering panggalih.
13. Nanging para punggawane nuli padha nyedhaki lan matur: “Bendara, saupami nabi punika matur, supados Bendara nglampahi padamelan ingkang awrat, Bendara rak inggih badhe nindakaken, ta? Punapa malih sapunika, nabi punika namung matur: Kawula aturi siram, temtu lajeng dados resik.”
14. Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.
15. Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni atur-aturipun ingkang abdi punika.”
16. Nanging Nabi Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, ingkang kula ladosi wonten ing ngarsanipun, kula saestu boten badhe nampeni punapa-punapa.” Lan sanadyan Sang Naaman adreng pamundhute, supaya karsaa nampeni, nanging Nabi Elisa tetep ora karsa.
17. Wasana Sang Naaman banjur ngandika: “Manawi makaten, keparenga kula nyuwun siti samomotaning bihal sarakit, awit ingkang abdi boten badhe caos kurban obaran utawi kurban sembelehan malih dhateng allah sanesipun kejawi dhateng Pangeran Yehuwah.
18. Salajengipun mugi Sang Yehuwah karsaa paring pangapunten dhateng kula ing bab punika: Manawi gusti kula lumebet ing papan pamujanipun Rimon prelu sembahyang wonten ing ngriku, temtu lendhehan ing tangan kula, mila kula inggih kedah ndherek sumungkem wonten ing papan pamujanipun Rimon punika. Pratingkah kula makaten punika mugi dipun apuntena dening Sang Yehuwah.”
19. Ature Nabi Elisa: “Sumangga, kula aturi tindak kaliyan tentrem rahayu.”
20. Bareng tindake Sang Naaman wus sawetara dohe, Gehazi, rencange Nabi Elisa, abdining Allah, mikir-mikir mangkene: “Bendaraku iku kebangeten anggone ering marang Sang Naaman, priyagung ing Aram iki, nganti ora karsa nampeni atur-atur kang diasta. Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa.”