2 Para Raja 5:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita Senapati Naaman, panggedhening wadya-balane ratu ing Aram, iku sawijining priyagung kang kajen banget ana ing ngarsane gustine sarta banget anggone ditresnani, awit marga saka priyagung iku Sang Yehuwah wus paring kaunggulan marang wong Aram. Nanging priyagung kang prawira ing perang iku nandhang gerah kusta.

2. Wong Aram tau metoni perang gegrombolan lan nggawa tawanan bocah wadon siji saka ing nagara Israel. Iku dadi abdine garwane Sang Senapati Naaman.

3. Abdi iku matur marang bendarane putri: “Manawi bendara kula karsa manggihi nabi ingkang wonten ing Samaria punika, nabi punika temtu damel birating gerahipun.”

4. Sang Senapati Naaman banjur sowan marang ing ngarsane gustine lan munjuk: “Makaten rembagipun lare estri ingkang saking nagari Israel punika.”

5. Sang Nata ing Aram nuli ngandika: “Iya becik, sira mangkata, lan ingsun bakal kintun serat marang ratu ing Israel.”Senapati Naaman nuli bidhal kalawan ngasta pisungsung selaka sepuluh talenta, emas nem ewu sekel lan sandhangan sepuluh pangadeg.

6. Layange dicaosake marang ratu ing Israel kang surasane: “Nuwun wiyosipun, manawi serat punika sampun tinampi ing Sang Prabu, kauningana, kula utusan Naaman, punggawa kula, sowan ing ngarsanipun Sang Prabu, ing pangangkah mugi panjenengan karsaa mbirat sesakitipun saraat.”

7. Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen, wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”

8. Bareng Nabi Elisa abdining Allah mireng, manawa Sang Nata ing Israel nyuwek-nyuwek pangageme, banjur enggal-enggal utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu kadhawuhan munjuk: “Sababipun punapa dene panjenengan dalem nyuwek-nyuwek pangageman dalem? Priyagung wau kadhawuhana manggihi kawula, supados uninga, bilih ing Israel wonten nabinipun.”

9. Sang Senapati Naaman nuli rawuh ing daleme Nabi Elisa dalah titihane kreta sajarane lan kendel ing sangareping lawang.

10. Nabi Elisa tumuli utusan wong kadhawuhan matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem kaaturan siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira dalem badhe pulih sarta panjenengan dalem badhe dados resik.”

11. Nanging Sang Naaman banjur tindak kalawan duka, pangandikane: “Dakkira dheweke apese metu lan ngadeg nyebut asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nuli ngusapake tangane ing lelaraku lan kalawan mangkono lelaraku saraat banjur waras!

12. Apa kali Abana lan Parpar ing Damsyik ora luwih becik katimbang karo sakehing kali ing Israel? Apa aku ora bisa adus ing kana lan banjur dadi resik?” Panjenengane tumuli cengkelak wangsul kalawan bentering panggalih.

2 Para Raja 5