20. Bocahe banjur digendhong, digawa mulih diparakake marang ibune. Tumuli lungguh ing pangkone ibune nganti wayah tengange, nanging sawuse iku nuli tinggal donya.
21. Wong wadon mau tumuli munggah, bocahe diturokake ing pasareane abdining Allah. Lawange diinebake lan sawuse mangkono wong wadon iku banjur lunga, dadine mung bocahe thok kang ana ing jero kamar.
22. Bojone nuli diceluk pangucape: “Kula aturi ngintuni salah satunggaling rencang kaliyan mbekta kuldi estri; kula enggal-enggal badhe kesah dhateng ing ngarsaning abdinipun Gusti Allah saha lajeng badhe wangsul.”
23. Bojone celathu: “Sabab apa kowe kok arep mrana ing dina iki? Saiki iki rak ora pinuju tanggal sapisan utawa dina Sabat.” Wangsulane kang wadon: “Sampun kuwatos.”
24. Kuldine tumuli diabah-abahi lan bature diprentahi: “Kuldine tuntunen lan lakokna kang rikat sarta sajrone lumaku aja nganggo mandheg, manawa ora dakkon.”
25. Mangkono wong wadon iku nuli mangkat, lunga menyang ing ngarsane abdining Allah ing gunung Karmel. Bareng abdining Allah mirsa dheweke saka ing kadohan, banjur ngandika marang Gehazi, abdine: “Delengen, wong wadon ing Sunem mrene!
26. Mlayua, pethukna lan takonana: Panjenengan punapa wilujeng, ingkang raka punapa wilujeng, ingkang putra punapa wilujeng?” Wangsulane wong wadon mau: “Wilujeng!”
27. Bareng wis tekan ing gunung, tumuli nyekel sampeyane abdining Allah, nanging banjur dicedhaki Gehazi arep diundurake. Nanging abdining Allah tumuli ngandika: “Cikben ta, atine lagi sedhih! Pangeran Yehuwah damel wados bab iki tumrap aku, aku ora diparingi sumurup.”
28. Wong wadon mau banjur matur: “Punapa kula nyuwun anak jaler dhateng bendara kula? Kula rak sampun matur: Kula sampun ngantos kaparingan pangajeng-ajeng ingkang tanpa isi?”
29. Nabi Elisa nuli ngandika marang Gehazi: “Sabukana, tekenku gawanen lan mangkata. Manawa kowe kepethuk wong, aja kokuluki salam lan yen ana wong kang nguluki salam marang kowe, aja kokwangsuli, tekenku iki banjur tumpangna ing dhuwure bocah iku.”
30. Nanging ibune bocah mau matur: “Dhemi Yehuwah ingkang gesang saha dhemi nyawa panjenengan piyambak, lah kula boten badhe nilar panjenengan.” Nabi Elisa tumuli jumeneng lan tindak ngetutake wong wadon iku.