2 Para Raja 3:14-19 Kitab Sutji (JAV)

14. Unjuke Nabi Elisa: “Dhemi Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah ingkang gesang, ingkang kawula ladosi wonten ing ngarsanipun, manawi boten margi saking Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, saestunipun kawula punika boten badhe migatosaken tuwin maelu dhateng panjenengan dalem.

15. Lah sapunika, kawula kaupadosna panylempung.” Nalika panylempung ngunekake clempunge, Nabi Elisa banjur kalimputan ing pangwaosing Sang Yehuwah.

16. Nabi Elisa nuli munjuk: “Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Padha gawea kalen-kalen ana ing lebak iki,

17. awit makaten pangandikaning Sang Yehuwah: Sira ora bakal padha oleh angin lan udan, nanging lebak iki bakal kebak banyu, satemah sira kabeh lan kewan sembelehan sarta kewan momotanira bakal padha bisa ngombe.

18. Punapa malih punika ugi prakawis sapele wonten ing paningalipun Sang Yehuwah; ugi tiyang Moab badhe kaulungaken dhateng ing asta dalem.

19. Panjenengan dalem sami badhe nyirnakaken sakathahing kitha ingkang santosa lan sakathahing kitha pilihan; panjenengan dalem sami badhe negori sadaya wit-witan ingkang sae; panjenengan dalem sami badhe nyumpeti sakathahing sumber sarta sami badhe ngrisak sakathahing pategilan kaliyan sela.”

2 Para Raja 3