7. Omah-omah palacuran kanggo ngibadah kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah padha dirubuhake, yaiku omah-omah kang uga dadi panggonane para wong wadon padha nenun sarung kanggo Asyera.
8. Sang Prabu nimbali sakehing imam saka ing kutha-kutha ing wilayah Yehuda, padha kadhawuhan najisake tengger-tengger pangurbanan, panggonane para imam padha ngobong kurban, wiwit ing Geba nganti tekan ing Bersyeba. Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing gapura ing sacedhake panggonan lumebune ing gapurane Yusak, panggedhening kutha kono, kang ana ing sisih kiwa manawa wong lumebu ing gapuraning kutha iku, iku uga padha karubuhake.
9. Nanging para imam ing tengger-tengger pangurbanan iku ora diparengake munggah marang ing misbyahe Pangeran Yehuwah ing Yerusalem, wong-wong iku mung dililani mangan roti tanpa ragi ana ing satengahe sadulur-sadulure.
10. Sang Nata uga najisake Tofet kang ana ing lebak Ben-Hinom, supaya aja nganti ana maneh wong kang misungsungake anak-anake kadadekake kurban ing geni kanggo dewa Molokh.
11. Sang Prabu iya dhawuh nyingkirake jaran-jaran kang kadekek dening para ratu ing Yehuda kanggo dewaning srengenge ana ing lawang kang anjog ing padalemaning Sang Yehuwah, cedhak ing kamare Natan-Melekh, punggawa kraton, kang manggon ing gedhong ing sandhinging padaleman. Kreta-kreta kanggo dewaning srengenge uga kaobong ing geni.