2 Para Raja 22:9-12 Kitab Sutji (JAV)

9. Sawuse iku Sang Safan, sekretaris mau, tumuli lumebet sowan ing ngarsane Sang Nata, ngaturake pawarta bab iku, unjuke: “Para abdi dalem punika sampun sami nampeni sadaya arta ingkang wonten ing padalemaning Sang Yehuwah, ingkang lajeng sampun kapasrahaken dhateng ing tanganipun para ingkang kawajiban rumeksa padaleman punika.” Sang Safan, sekretaris iku,

10. uga munjuk marang Sang Nata: “Imam Hilkia maringi kitab punika dhumateng kawula.” Sang Safan nuli maos kitab iku ana ing ngarsane Sang Prabu.

11. Bareng Sang Nata wus midhangetake pangandika ing Kitab Toret iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.

12. Sang Prabu tumuli paring dhawuh marang Imam Agung Hilkia, marang Ahikam bin Safan, marang Akhbor bin Mikha, marang Sang Safan, sekretaris mau, lan marang Asaya, abdining Sang Nata, pangandikane:

2 Para Raja 22